Ing sawijining pasareyan leluhur, kanthi jeneng Pasareyan Kyai Bakal ingkang wonten ing dhusun Bakalan. Panggenan pasareyan kasebat caket kaliyan pabrik ingkang taksih aktif produksinipun. Ing lingkungan pasareyan kasebat wonten warga tetep ingkang sampun lami manggen ing pasareyan punika, inggih punika Pak Rebo pinangka juru kunci lan Mbok Senik ingkang nyambut damel dados tukang pijet. Bongkrek punika warga daerah pasareyan ingkang griyanipun boten tebih saking pasareyan kasebat. Wonten ugi satunggaling pelacur ingkang naminipun Kecik, sarta Janaka, pemuda ingkang nembe nglampahi lelaku / tapa semedi ing pasareyan kasebat wondene ing pabrik ing salebeting kantor direktur wonten kalih tiyang, inggih punika juragan ingkang nembe trauma ingkang dipunkancani abdinipun ingkang naminipun Bedor.
Suwanten pabrik saben dinten mbengengeng boten wonten endah sepisan-pisanno. Para warga ingkang manggen lan aktif ing daerah pasareyan rumaos keganggu. Ngantos-ngantos suwanten Pak Rebo wekdal maos do’anipun dados ical telas dening dheru suwanten mesin pabrik. Bongkrek mantan mandor pabrik kasebat sanget emosi ningali tindhakipun pabrik ingkang boten ngertos aturan. Manakipun Bongkrek lara, Bongkrek boten kuwaos nahan emosi nanging Mbok Senik tansah nyukani nasihat supados sabar.
Ing antawisipun grandelan warga ing sakeliling pasareyan, ing salebeting kantor direktur, juragan rumaos ajrih dhumateng kiwa-tengenipun. Kados-kados kathat tiyang ingkang badhe mejahi, nanging Bedor tansah setya ngancani juragan. Juragan pinangka direktur pabrik pancen nggadhahi rancangan badhe njembaraken daerah pabrikipun. Tanah Bongkrek lan daerah pasareyan kasebat dados sasaran utawi badhe dipunkuasai kanthi cara menapa kemawon, nanging boten segampil punika kangge nguwasani Bongkrek dipunanggep salah satunggaling lawan anggeng ingkang tansah ngalang-ngalang rancangipun.
Bongkrek tegar sanget ing belani tanahipun sanadyan nyawa dados totohanipun. Bongkrek dados buronan antek-antekipun juragan. Salah satunggaling wekdal, kesabaranipun Bongkrek telas. Nalika garwanipun nyuwun pegat, akhiripun tanah dipunsadi dening garwanipun dhumateng pabrik kangge tumbas obat bocah, sanadyan makateno bocahipun boten katulungan. Kanepsonipun Bongkrek tansaya ndadi. Kanthi modal kuwanen, Bongkrek kesah dhateng pabrik kanthi niat mejahi juragan. Ing wekdal punika ugi kawontenan pabrik nembe gawat, mesin pendinginipun macet, dipunsusul ledhakan ingkang dadosaken kobongan. Bongkrek ketembak mati, pabrik kobongan telas. Antawis boten dangu juragan sampun saged nguwasani tanahipun Bongkrek lan lingkungan pasareyan, rencana panjembaran pabrik badhe enggal dipunlaksanakaken.


Tidak ada komentar:
Posting Komentar